KURANG PEKA

September 14, 2021

 

ana-ana-bae-majalah-jaya-baya

Termotivasi dengan unggahan teman-teman penulis di sosmed tentang karya mereka yang dimuat di rubrik Ana-ana Bae Majalah Jaya Baya. Dan ingin men-challenge diri sendiri, saya mencoba menulis cerita berbahasa Jawa. 

"Masa wong Jawa ora isa nulis Jawa," pikir saya dalam hati.

Bismillah, kemudian saya mencoba menulis cerita berbahasa Jawa berjudul "Kurang Peka."

Jujur, bagi saya pribadi bukanlah hal yang mudah menulis cerita berbahasa Jawa. Salah satunya mengenai pengguna bahasa di cerita. Mau menggunakan bahasa Ngoko, Krama Alus atau Krama Inggil.





Selesai menulis cerita pertama berbahasa Jawa berjudul Kurang Peka, saya endapkan dulu, baru beberapa hari kemudian saya edit. Selesai mengedit saya endapkan lagi. Begitu seterusnya, baru setelah yakin, saya kirim ke Majalah Jaya Baya pada bulan April 2021. Dan pada Minggu pertama September, pak pos datang ke rumah membawa kabar bahagia dan bukti terbit Majalah Jaya Baya yang memuat karya saya.

Alhamdulillah, bisa ikut menjaga dan melestarikan budaya luhur milik bangsa dengan nguri-nguri bahasa Jawa. Jika bukan kita lalu siapa lagi?

Selamat membaca!


KURANG PEKA

Dening : Yeni Endah

Sewengi, Siti mimpi entuk kalung emas. Pituture tiyang sepuh jaman biyen, percaya ben mimpine dadi kasunyatan, ndang tangi, walik bantale lan ditepuk-tepuk kaping telu, insya Allah mimpine bakal kawujud. Nanging Siti dudu wong sing percaya karo tahayul. Amarga kui, sakdurunge bojone mangkat kerjo, Siti lungguh ning sebelahe Tono karo bisik-bisik manja.

“Mas, sewengi aku mimpi entuk kalung emas. Kira-kira artine apa ya?” Siti pengarep-arep yen bojone mudheng kode sing deknen maksud yaiku Siti pengen ditukokke kalung.

“Ya mengko bar mulih kerja Mas tumbaske.”

Atine Siti bungah krungu jawaban saka bojone.

“Tenan Mas arep ditumbaske?” Siti mastikke omongane bojone.

“Iya Dik.”

ana-ana-bae-majalah-jaya-baya
Cover Majalah Jaya Baya, Minggu I September 2021 (Foto : Dok. Pribadi)

Sorene, Tono mulih karo ngawa bungkusan cilik. Saktekane omah, bungkusan cilik mau langsung diwenehke marang Siti. Siti seneng banget yen mimpine sewengi bakal dadi kasunyatan. Awake wis ora sabar kanggo mbukak bungkusan saka bojone.

“Maturnuwun Mas. Mas Tono memang bojoku sing paling pengertian sak jagad." Siti ngrangkul lan ngambung pipine Mas Tono.

Siti bengok pas mbukak bungkusan saka bojone.

“Apa iki Mas? Buku primpon arti mimpi?”

“Iya Dik. La jarene adik pengen ngerti artine mimpine adik sewengi entuk kalung emas iku apa. Ya mas tumbaske buku kui tha? Bukune kui pepak lho dik. Arti mimpi apa wae ana.”

Pasuryan Siti sing maune sumringah dadi abang mbranang amarga mangkel.

“Dasar bojo kurang peka.” Siti banjur mlebu kamar.

Tono mung plonga-plongo deleng polahe Siti amarga ora mudheng kode saka bojone.


RAMPUNG


ana-ana-bae-majalah-jaya-baya
Kurang Peka dimuat di rubrik Ana-Ana Bae, Majalah Jaya Baya edisi Minggu I September 2021


















You Might Also Like

0 komentar

Subscribe