TIWAS GEER

January 16, 2022

 

tiwas-geer-majalah-jayabaya-rubrik-ana-ana-bae

Tiwas Geer adalah tulisan pertama saya yang dimuat di tahun 2022, dan merupakan tulisan berbahasa Jawa saya yang dimuat di rubrik Ana-Ana Bae Majalah Jayabaya. 


Tiwas Geer saya kirim ke Majalah Jayabaya pada bulan September 2021 dan dimuat di edisi No. 19 Minggu II bulan Januari 2022.


Baca juga : Cara Kirim Tulisan ke Rubrik Ana-Ana Bae Majalah Jayabaya


TIWAS GEER

Dening : Yeni Endah


Wiwit SMA, Rina wis tresna marang Bima. Malah perasaane durung owah sanajan saiki Rina wis lulus lan kerja bareng sak kantor karo Bima. Nanging Rina mung isa dhelikake pangrasane.

“Masa iya wong wadon nembak dhisik. Isin lan gengsi ta aku,” batine Rina ing sawijining dina.

Omahé Bima ora adoh saka omahé Rina. Jarake mung telung omah wae. Ora mokal yen Rina mesthi kikuk nalika liwat omahe Bima, utawa ora sengaja ketemu pas mangkat lan mulih saka nyambut gawe. 

“Sore, Rin,” ujare Bima kanthi ramah.

“Sore Bim,” wangsulane Rina karo mesem.

“Oh iya Rin, bapakmu mengko bengi ana ing omah?”

tiwas-geer-majalah-jayabaya-rubrik-ana-ana-bae
Cover Majalah Jayabaya No.19 Minggu II Januari 2022



tiwas-geer-majalah-jayabaya-rubrik-ana-ana-bae
Tiwas Geer dimuat di rubrik Ana-Ana Bae Majalah Jayabaya No. 19 Minggu II Januari 2022



“Kayane ana, Bim. Ana perlu apa karo bapakku?” pitakone Rina penasaran.

“Aku arep menyang omahmu, Rin.”

Atine Rina bungah nalika krungu wangsulane Bima lan pipine dadi abang.

“Aku pengin njaluk izin karo bapakmu.”


Baca juga : 7 yang Wajib Diperhatikan Sebelum Mengirim Tulisan ke Media



“Maksude?” Rina mesem lega. Penantian lan kesabarane bakal lunas. Pungkasan sing marakake bungah ati.

“Aku arep njaluk surat izin pengantar nikah, bapakmu iku kan ketua RT. Insyaallah, wulan ngarep aku arep omah-omah, Rin,” jare Bima kanthi pasuryan seneng.

Atine Rina langsung remuk nalika krungu wangsulane Bima.

“Oalah, tiwas geer. Tak kira arep ketemu bapak pengin nglamar aku, jebule...” batine Rina banjur mlayu mulih sinambi nahan rasa kuciwa lan isin.


RAMPUNG






You Might Also Like

0 komentar

Subscribe